WIB

Untuk pengalaman membaca yang lebih nyaman, alihkan ke mode gelap.

Iklan
Mimbar Demokrasi Punokawan

Wejangan Semar "Ki Lurah Badranaya" (bagian 2)

R

Redaktur

Jumat, 11 September 2026 · 15:05 WIB · 3 mnt baca

Nyempatke Teko di "Konser Intim Tembang Kenangan"

"Burung nuri hinggap di dahan, Dahannya patah jatuh ke tanah. Katanya "sibuk" tidak sempat datang, Giliran butuh dukungan baru kelihatan".

Iklan Perumda Pasar

1311fda2-88ea-437f-a7a8-1d6af03bcd0f.webpOleh : Ki Karto Sarmidin

Semar, Ki Lurah Badranaya sedang mengusap-usap jenggot yang sudah agak lumayan panjang, tiba tiba dengan suara lirih, melanjutkan wejangannya (nasehat) "Le... mau tak teruske wejangan mau Bapak. Mau mau Bapak wis ngomong "Hanya Satu" hari. Mau mau Bapak wis ngomong "Ojo Pergi Tanpa Berita". Saiki Bapak arep ngomong khusus kanggo poro Pejabat. 

Semar Ki Lurah kemudian menunjuk kursi kosong di depannya, "Iki lho le... kursi ne Bapak Pejabat. Sing tangane iso nandatangani kebijakan. Sing cangkeme iso ngomong "iyooo, tak dukung". Pejabat kuwi jenenge "abdi dalem". Abdi ne sopo? Abdi ne rakyat. Abdi ne budaya. Nek ono undangan rembug karo legenda, karo seniman, karo pengusaha...Terus ora teko mergo "rapat". 

Lha, Bapak takon, rapat e penting, opo masa depan daerah e penting? "Eling..Kursi jabatan kui ora langgeng le. Sing langgeng kui "jeneng apik" Dudu "Jenang sing Enak", Le!

Jeneng sing diapalke rakyat mergo tau teko, tau ngrungokke, tau peduli. Nek ora teko neng acara ngene iki...Sesuk nek ditakon wartawan: "Pak, pas ono acara karo Bang Eddi teko mboten?" Jawabe piye? "Walah, lali"? Isin to le... Dadi, "wajib teko". Dudu mergo diwajibke. Tapi mergo kui "tugas".

Semar Ki Lurah kemudian sambil bergeser, nunjuk kursi sebelah. "Iki kursi ne Bapak Pengusaha. Sing dompete kandel. Sing relasine jembar. Sing iso nguripi wong akeh.  

Sugih kui berkah le. Tapi berkah kudu ono sing dijogo. Sopo sing jogo budaya ben wong tuku? Sopo sing jogo rasa ben wong seneng?  

Yo Seniman. Yo Lagu. Yo Acara koyo ngene iki. "Nek awakmu mung gelem "ngunduh" hasil soko budaya," Semar neruske wejangane..."Tapi pas ditanduri bareng ora gelem teko. Iku jenenge nguntal, ora gelem nyuapi.  

Suwun-suwun suwe-suwe entek le...Teko nang kene, Yo iso kenal karo komunitas. Ugo iso, nemu ide anyar. Tekan kene, jenengmu diapalke wong mergo dermawan, dudu mergo medit.  

"Hanya Satu" hari investasi sosial. Rugi? Ora!. Untunge seumur hidup, Le...

"Lha "Iki kursi ne Mas-Mbak Seniman. Sing swarane iso ngelingke. Sing karyane iso ngobati", lanjutt Ki Lurah sambil nunjuk kursi sebelah pentas Kuwi. 'Seniman kuwi tulange bangsa. Nek balunge rapuh, awak e lumpuh kabeh. Saiki ono legenda urip, "Bang Eddi Pramono", arep nuduhke dalan.  

Arep crito piye carane tetep eksis 50 tahun. Mosok kowe sing peneruse malah "pergi tanpa berita"? Ojo mung gelem viral pas ono trendinge. Nek ono acara golek seduluran, golek ilmu, golek jejak... kudu nomer 1 sing teko. Dadi wajib teko Yo le....Mergo nek seniman ora teko, sopo meneh sing bakal njogo api iki? Mosok arep ditinggal mati bareng lagune? Ki Lurah lalu berdiri, melanjutkan wejangan dengan tegas tapi halus. "Dadi ngene le kesimpulan e Bapak..."Pejabat" teko mergo tanggung jawab. "Pengusaha" teko mergo kepedulian. "Seniman" teko mergo panggilan jiwa. Nek telu iki ora teko... Sing teko sopo? Ya kita-kita iki. Rakyat biasa. Yo apik, Le.... Tapi kurang jejere. Kurang bapak e. Kurang ibune.

"Mulo Bapak njaluk. Sempetke!. Hadiri!. Ramai-kan!. Mergo "Satu Hari Bersama Bang Eddi Pramono" Kuwi dudu undangan, tapi Kuwi setengah nguri uri budoyo, khususe tembang kenangan, Le...

"Pejabat... wajib teko. Mergo kowe abdi ne rakyat. Pengusaha... wajib teko. Mergo kowe sing nguripi roda. Seniman... wajib teko. Mergo kowe sing njogo rasa. 'Hanya Satu' hari. Ojo 'Pergi Tanpa Berita'. Kursi terbatas. Sejarah tidak", Le.....!(bersambung)

Iklan
R

Ditulis oleh

Redaktur

Komentar (0)

Tinggalkan komentar. Komentar langsung tampil setelah dikirim.

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama berkomentar!

Berita Terkait

Iklan

Jangan ketinggalan berita

Aktifkan notifikasi untuk kabar terbaru WartaMerdeka langsung di perangkatmu.