Menanti Kepastian Hukum Kasus Gedung Pemkab Lamongan
Oleh: Ki Karto Sarmidin
Malam itu, di salah satu kedai kopi di tengah kota Lamongan - para Punokawan berkumpul usai menonton pertandingan Persela Lamongan vs Persijap - Punokawan kelihatan sumringah merasa puas dengan hasil akhir yang dipetik Persela dengan skor 2-0 untuk laskar Joko Tingkir ini.
Setidaknya, perasaan senang ini - karena sebelumnya kesebelasan kesayangan Punokawan ini juga meraih kemenangan atas Persipura Jayapura dengan skor 3-1 untuk Persela Lamongan dalam lanjutan kompetisi Championship (Liga 2) 2026/2027.
Beberapa Punokawan sudah berkumpul - sambil menunggu Bagong, yang masih tertinggal karena kembali ke Masjid mengambil barangnya yang tertinggal saat menunaikan sholat - sementara anggota Punokawan lain memesan kopi.
Ditunggu kawan kawan, Bagong tidak merasa malah ngobrol sama teman lamanya, teman sekolah saat masih di salah satu SMA di jantung kota Lamongan.
Dengan gaya khasnya, tidak lama Bagong datang, dengan bawah berita - berita lama tapi tetap aktual.
Bagong : Mbah, Mbah... aku kok bingung, Mbah. Gedung Pemkab itu kan gedhe, megah, lampune padhang. Lha kok jare saiki malah dadi perkara, Mbah? Opo gedunge salah, Mbah?
Ki Lurah Semar : (tersenyum simpul seolah memberi pesan jika apa yang disampaikan Bagong ada benarnya, tapi juga ada salahnya)
"Lungguh disik, Le. Gedung itu tidak pernah salah, Le. Gedung itu hanya berdiri. Yang ditanya itu bukan temboknya, tetapi tangan-tangan yang dulu membangunnya.
Petruk Kantong Bolong : "Lha iya, Mbah. Aku krungu, saiki wis mlebu sidang, Mbah. Nang Pengadilan Tipikor Surabaya, wiwit akhir Oktober wingi. Bener, Mbah?
Ki Lurah Semar : "Bener, Truk. Wis mlebu meja hijau. Dudu omongan warung maneh. Wis dibacakke nang ngarepe hakim, nganggo berkas, nganggo saksi, nganggo sumpah".
Gareng: "Sing disidang sopo wae, Mbah? Aku kok mung krungu samar-samar".
Ki Lurah Semar : "Papat, mbuh..... eh, yo papat. Sing sepisan, inisial MS, wong sing dadi Pejabat Pembuat Komitmen, Kasi nang Dinas Perkim. Tangan sing nandatangani, sing dipercaya njaga duit rakyat ben mlaku nang dalane. Sing nomer loro, Ab, Direktur PT, sing saka pihak swasta. Sing katelu, HD, General Manager Divisi Regional 3, tahun 2015 nganti 2019. Perusahaan pelat merah, sing jenenge wae wis dipercaya kokoh.
Sing nomer papat, MYM, saka Komite Manajemen Proyek. Sing kudune njaga ben rencana karo kasunyatan ora mlaku adoh-adohan.
Bagong: "Wah, papat-papat kok wong gedhe kabeh, Mbah. Terus wis salah kabeh, Mbah?
Ki Lurah Semar : (menggeleng pelan, suarane tetep alus) "Ora ngono, Le. Iki sing kudu dijaga. Mereka iku terdakwa, dudu terpidana. Dakwaan iku dudu vonis. Penahanan iku dudu putusan. Mereka isih nduwe hak mbela diri, isih nduwe hak didengarke. Nganti palu diketok lan putusane inkracht, kabeh isih praduga tak bersalah. Ojo kesusu ngarani, ojo kesusu nyalahke. Hukum iku kudu sabar, Le, ben ora keliru".
Petruk Kantong Bolong :."Tapi, Mbah, jare kerugiane gedhe tenan, Mbah. Rp35,7 miliar, saka kontrak Rp151,24 miliar. HPS-e wae Rp154,4 miliar. Aku mbayangke wae mumet, Mbah. Duit semono akehe, iso gawe dalan desa pirang-pirang, Mbah".
Ki Lurah Semar : "Iya, Truk. Kuwi sing gawe ati loro. Dakwaane nyebut, ono dugaan permufakatan wiwit perencanaan, ono lelang sing diduga direkayasa, ono volume sing diduga kurang, ono kualitas sing diduga ora sesuai ketentuan. BPKP sing ngitung, dudu aku, dudu kowe..Ahli teknik bangunan malah nyebut, ono 33 cacat struktur. Wesi sing diametere nyimpang saka standar, kolom sing pedhot nang tengah dalan, sistem pemadam kebakaran sing ora mlaku kaya kudune".
Gareng: "Telung puluh telu, Mbah? Gedung kok cacate telung puluh telu? Iku gedung apa awak sing loro, Mbah?"
Ki Lurah Semar : "Iku sing gawe wong Lamongan mikir. Saka njaba katon rampung, katon megah. Saka njero, ono luka sing ora katon, ora kethok. Kaya wong sing kethok sehat, nanging njerone wis suwe nahan lara".
Petruk Kantong Bolong : "Terus saiki sidange wis tekan ngendi, Mbah? Aku krungu wis pemeriksaan saksi".
Ki Lurah Semar : "Bener. Akhir Oktober nganti awal November iki, jaksa KPK wis nggawa saksi-saksi. Dudu saksi sembarangan. Pejabat Pemkab Lamongan, wong DPRD Lamongan, nganti manajemen perusahaan pelat merah. Mereka teko, sumpah, banjur cerita, apa sing didelok, apa sing dikrungu, apa sing ditandatangani, nalika gedung kuwi dibangun taun 2017 nganti 2019 kae".
Bagong : "Mbah, nek saksi-saksine wis akeh ngono, kok durung ono kepastian, Mbah? Aku wis kesel nunggu, Mbah. Wis wiwit 2023, Mbah, KPK ngusut. Saiki wis 2026, Mbah".
Ki Lurah Semar : (menatap langit malam, suarane makin pelan) - "Iki, Le, sing jenenge penantian. Hukum iku kaya kali, Le. Ora iso disogok ben cepet tekan segara. Kudu ngliwati liku-likune dhewe. Saksi siji, saksi loro, berkas siji, berkas loro. Kabeh kudu dirungokke, kabeh kudu dibuktikke. Yen kesusu, sing metu dudu keadilan, nanging mung keramaian. Yen sabar, sing metu insya Allah kebenaran, senajan tekane alon".
Gareng : "Dadi awak dewe iki mung nunggu tok, Mbah?"
Ki Lurah Semar : "Nunggu, nanging nunggu sing bermartabat. Nunggu ben gedung kuwi ora mung megah saka njaba, nanging uga resik saka njero. Nunggu ben duit rakyat sing tau mili nang tembok-temboke, iso dipertanggungjawabke kanthi terang, rupiah demi rupiah.
Nunggu ben jeneng Lamongan ora selawase digantung antarane dugaan karo donga.
Petruk Kantong Bolong : "Mbah, aku dadi kelingan petani sing tangi sakdurunge subuh, nelayan sing mulih pas srengenge munggah, guru sing ngajar nang ruangan sing sempit. Mereka ora njaluk luwih, Mbah. Mung njaluk kepastian, ben iso percaya maneh, tanpa ragu".
Ki Lurah Semar : "Iya, Truk. Kuwi sing paling penting. Rakyat ora njaluk amarah. Rakyat njaluk kepastian. Kepastian ben iso mlaku maneh, kanthi langkah sing luwih entheng, lan ati sing luwih tenang.
Bagong : "Mbah, nek mengko palune diketok, piye, Mbah?"
Ki Lurah Semar : "Mugo-mugo, Le, ketokane dadi jawaban sing nenangke. Dudu mung pungkasane perkara, nanging dadi wiwitane pelajaran. Pelajaran yen gedung oleh dhuwur, nanging kejujuran kudu luwih dhuwur. Jabatan oleh ganti, nanging kebenaran ora oleh melu ganti. Proyek oleh rampung dibangun, nanging pertanggungjawabane ora oleh rampung ngono wae".
Gareng : (mengangguk, lalu tersenyum kecil) - "Mbah, kopi Mbah wis adem, Mbah".
Ki Lurah Semar : (tertawa kecil) - "Ora opo-opo. Kopi adem isih iso diombe. Sing ora iso diombe iku, penantian sing ora ana ujunge. Mula ayo didongakake bareng-bareng, ben sidang iki enggal ana kepastian, sing adil, sing terang, lan sing iso ditompo kabeh wong Lamongan kanthi tenang".(*)
copyright: wartamerdeka.net - 2026
Ditulis oleh
Redaktur
Komentar (0)
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama berkomentar!