Pemprov Jatim Nambah Duit Sekolah Rp. 1,3 Trilliun
HUT ke-81 PGRI & Hari Guru Nasional 2026
Oleh : Ki Karto Sarmidin
Bagong: (Mlebu karo nggowo gorengan) - Kang! Kang! Ono kabar apik Kang!
Petruk Kantong Bolong: Kabar opo, Gong? Ojo ngaget-ngageti, gorenganmu kuwi lho meh logur.
Bagong: Iki mau aku moco koran Kang. Jare Pemprov Jatim nambah duit kanggo sekolah. Jumlahe uaakehh Kang (Mikir, ngitung driji) ...jumlahe sampek Siji koma telu TRILIUN!
Gareng: (Kaget) Triliun? Gong, kowe ora salah krungu toh? Triliun kuwi nol-e piro? Aku ngitung duit parkir wae kleru terus.
Bagong: Triliun kuwi... Nek kanggo tuku cilok, iso nganti anak putuku lulus kuliah, Kang! Opo maneh gawe tuku krupuk Kang, malah gk muat sa gudang kidul iku Kang.
Ki Lurah Semar: (Mlebu, kalem) Bener, Gong. Kowe ora salah krungu. Iku kabar tenan. Sabtu wingi, tanggal 21 November 2026, neng Pamekasan, Pak Wakil Gubernur Jatim, Pak Emil Dardak, sing ngomong dewe.
Petruk Kantong Bolong: Neng acara opo, Pak?
Lanjutkan membaca artikel ini
Berlangganan gratis dengan email untuk membuka seluruh isi artikel di Wartamerdeka.
Ki Lurah Semar: Acara HUT ke-81 PGRI lan Hari Guru Nasional 2026 tingkat Jawa Timur. Sing teko gurune akeh banget sampek 20.771 guru! Soko Monumen Arek Lancor tekan Lapangan Bakorwil Pamekasan, kebak wong kabeh. Penuh jadi lautan manusia.
"Pak Emil yo ngomong ngono. Jare beliau, pemerintah kabupaten lan kota yo kudu melu tumindak. Ojo mung SMA-SMK tok. SD, SMP, lan kesejahteraan guru PAUD yo kudu diperhatike"
Gareng: Masya Allah... 20 ewu guru ngumpul. Pantesan ono ndalan dalan macet.
Petruk Kantong Bolong: Pak, duit Rp1,3 triliun kuwi kanggo opo? Mosok kanggo mbangun gedung kabeh?
Ki Lurah Semar: Ora, Truk. Duit kuwi jenenge BPOPP. Biaya Penunjang Operasional Penyelenggaraan Pendidikan. Kanggo SMA lan SMK tahun 2026.
Bagong: BPOPP? Kuwi opo, Pak? Opo jenenge obat?
Gareng: Dudu obat, Gong. Kuwi duit kanggo bantu operasional sekolah. Ben sekolah iso mlaku, guru iso ngajar, murid iso sinau, ora kok mikirke biaya terus.
Petruk Kantong Bolong: Lha terus sing oleh mung sekolah negeri tok, Pak?
Ki Lurah Semar: Nah, iki sing hebat. Pak Emil ngomong, duit iki ora mung kanggo negeri, tapi yo kanggo swasta.
Bagong: Lho, kok swasta melu oleh?
Ki Lurah Semar: Mergo kowe kudu ngerti, Gong. Daya tampung SMA lan SMK negeri neng Jatim kuwi mung 30 persen soko lulusan SMP. Lha sing 70 persen-e neng endi? Yo neng swasta!
Gareng: Ooo... Dadi nek swasta ora dibantu, akeh anak sing ora iso sekolah.
Ki Lurah Semar: Bener. Makane Pemprov Jatim nyiapke 80.000 beasiswa kanggo siswa SMA lan SMK swasta sak Jatim. Ben ora ono anak putus sekolah mergo ora duwe duit, utowo mergo ora ketompo neng negeri.
Petruk Kantong Bolong: Wah... 80.000 anak dibantu. Berarti 80.000 masa depan anak diselametke.
Bagong: Pak, nek SMA-SMK wes dibantu, lha SD, SMP, PAUD piye? Anakku iseh neng SD lho.
Ki Lurah Semar: Pitakonanmu apik, Gong. Pak Emil yo ngomong ngono. Jare beliau, pemerintah kabupaten lan kota yo kudu melu tumindak. Ojo mung SMA-SMK tok. SD, SMP, lan kesejahteraan guru PAUD yo kudu diperhatike.
Gareng: Lha iyo. Guru PAUD kuwi sing paling sabar. Ngadepi anak cilik sing iseh ngompol, iseh nangis golek ibuk-e. Tapi gajine..(Meneng)
Petruk Kantong Bolong: Neng ngarep 20 ewu guru wingi, Pak Emil ngomong opo maneh, Pak?
Ki Lurah Semar: Beliau ngomong ngene, tak baleni persis: "Dedikasi guru kuwi ora iso diukur mung nganggo duit. Tapi pengabdian guru yo ojo digawe alasan pemerintah kanggo nglirwakke kesejahteraan-e."
Bagong: (Tepuk tangan) Wah... Jleb! Kena banget!
Gareng: Terus Pak Emil pesen marang PGRI, ben PGRI Jatim lan PGRI kabupaten/kota terus kolaborasi karo pemerintah daerah. Ngawal kebijakan sing berpihak marang pendidikan.
Petruk Kantong Bolong: Pak, aku ono uneg-uneg. Biasane bantuan kuwi mung tekan kuto gede tok. Neng pelosok ora tekan. Terus piye Pak?
Ki Lurah Semar: Kuwi yo dielingke Pak Emil, Truk. Beliau ngomong: "Majukan pendidikan ora oleh mung dirasakke masyarakat perkotaan. Anak-anak neng pelosok, pegunungan, pesisir, kepulauan, tekan wilayah terpencil, kudu oleh kesempatan sing podo kanggo oleh pendidikan berkualitas."
Bagong: Setuju! Anak neng gunung, anak neng pesisir Paciran, anak neng pulau-pulau cilik, kabeh duwe hak podo kanggo pinter!
Gareng: Lan acara neng Pamekasan wingi kuwi ora mung apel tok, Gong. Ono kesenian lokal barang. Ono sapi sono', ono musik daul. Meriah tenan. Jare Pak Jamil, Ketua PGRI Pamekasan, kuwi wujud solidaritas lan cinta marang profesi guru.
Petruk Kantong Bolong: Dadi intine, Jatim tambah duit Rp1,3 triliun kuwi dudu mung angka. Tapi bukti nek pemerintah iseh peduli karo guru lan murid-e.
Ki Lurah Semar: Bener. Guru hebat, butuh didukung. Murid hebat, butuh dibiayai. Nek kabeh didukung...
Ditulis oleh
Redaktur
Komentar (0)
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama berkomentar!