"Limbah Pengolahan Ikan & Pencemaran Pesisir Utara
Pengantar : Rubrik Mimbar Bebas Punokawan ternyata banyak yang menanyakan karena tayangnya agak telat. Dan kali ini ambil tema "Limbah"
Oleh : Ki Karto Sarmidin
Sambil kipas-kipas dan menekan hidungnya, Bagong berseloroh, "Iki ambune opo toh, yo kok ngalahi trasi bosok sak tronton, duh terus terusne koyok ngene, lha banjur piye? Opo Iki teko Segoro opo teko ngendi sumber ambu ngene Iki?".
Petruk, "kapriye aku ngomong Bag", seloroh Petruk seraya nutup irunge nganggo pojok ane sarunge,... iki ulah'e "limbah pabrik iwak", opo piye toh?. Saben dino ngolah iwak, pindang, teri... Banyu cuciane, getih iwak, jeroan... kabeh uncal-uncalan sak penak e!". Palingo akeh sing ora duwe IPAL, utowo duwe mung gawe pajangan. Ujung-ujunge ngalir neng kene kabeh.
Gareng, menghela napas, sambil nyaut perbincangan saat itu, "Iyo Le... iki jenenge "nyembelih leher dewe". Tlatah pesisir lor Lamongan kuwi lumbunge iwak se-Jawa. Nelayan golek iwak neng kene. Pabrik Gedhe, pabrik rumahan podo golek bahan neng kene.
Nanging saiki tlatahe dewe Iki, ora iso seteril karo limbah'e dewe. Lah, suwe suwe yen limbah podo mlebu Segoro, iwak'e minggat, Sopo sing untung?
Ki Lurah Badranaya yang saat itu, lagi duduk diatas agak jauh teko anak bolone, ngendikan, "Heeh... para putraku. Segoro iku ora bisu. Segoro iku jerit. Jerit merga lemu karo limbah, jerit merga omah'e dirusak. Iwak cilik mati. Terumbu karang mati. Mangrove rontok. Rantai pangan pedot... manungso sing terakhir ngrasakne. Opo maneh sak Iki, limbah iwak kadang dibuang sembarangan!".
Bagong, nyaut, "Lha terus warga pesisir piye Ki? Bu Lurah kae mau crito, Nek bengi turu ambune mlebu nganti neng omah. Padahal omahe Bu Lurah rodok adoh karo segoro, lha kok bau jek mlebu.
"Lha iyo! Iku jenenge bioakumulasi Bag," ujar Petruk. "Racun neng banyu mlebu neng awak iwak. Awak iwak dipangan manungso. Racun'e pindah neng awak'e menungso. Siklus setan! Kita golek iwak ben sehat, malah gawe lara. opo maneh limbah ki ora mung teko pabrik Gedhe, pengolah iwak ne kampung ugo menghasilkan limbah!.
Gareng, "Lan aja lali... limbah iki yo mateni. Akeh biota laut sing podo tercemar, Podo rusak. Pedagang sepi. Ekonomi seret merga segoro lara.
Sambil mengetuk tongkat, Ki Lurah Badranaya ngekek i wejangan, "...Dadi eling'o...rejeki soko segoro kuwi gede. Nanging yen segoro lara, rejeki kuwi dadi laknat. Pabrik butuh maju, aku ngerti. Nelayan butuh iwak, aku ngerti. Nanging kabeh kudu nganggo aturan.
Bagong gak kanti, nylethuk, "Aturan piye Ki?".
Petruk njelasne, "nomor siji, IPAL kudu jalan tenanan. Ojo mung ono pas ono sidak. Limbah cair diolah sek nganti resik. Limbah padat digawe pakan ternak, pupuk. Zero waste jenenge. Sing nomer loro : Pengawasan teko Dinas LH, warga, nelayan kudu melu ngawasi. Nek ono pabrik nakal buang limbah, lapor! Ojo didelokke wae.
Ki Lurah, neruske - "sing nomer telu: Reboisasi Mangrove. Mangrove iku filter'e gusti Allah. Iso nyaring racun, iso dadi omah'e iwak cilik, tandur maneh segoro ben waras.
Bagong, "Oh ngono to... dadi solusine ono to Ki. Kiro-kiro pabrik'e gelem pora?
Ki Lurah tersenyum bijak...."Gelem Le... nek awake dewe kompak. Pengusaha eling tanggung jawab. Pemerintah tegas. Warga peduli. Amarga ono tembang lawas: "Segoro sehat, desa makmur. Segoro lara, anak putu sengsara."(*)
Ditulis oleh
Redaktur
Komentar (0)
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama berkomentar!